Breaking News
Loading...

Lyrics Dongeng (Music Keroncong)


DONGENG

Sinten purun kulo dongengi
Dongenge poro sedulur ndeso
Sugih sawah lan sugih pari
Ayem lan ati ora murko

Ageng Labuhe dateng negari
Rupo arto lan rupo bondo
Jaman gerilya gek wingi
Tiang kutho ngungsi ten ndeso

Sikakang lan mbakyu sing nampi
Lahir batin suko lan lilo
Jamin panggenan lan jamin tedi
Sanadyan ora neko-neko

Kocape dek naliko kuwi
Sopo wonge podo rumongso
Welinge ojo nganti lali
Sok yen aman walesmu opo

Tutukke sing dongeng puniki
Indonesia pun merdeka
Dikanteni tatanan asri
Ngajeni mung podo manungso

Welingi sing dongeng puniki
Yen kakang lan mbakyu ten kutho
Walese ojo nganti lali
                                     Lan Ojo di sio-sio 


watch vide0 : Vide0 Dongeng Keroncong 

0 komentar :

Post a Comment

Copyright © 2013 Lyrics-An Eye All Right Reserved